Langsung ke konten utama

Keraton Yogyakarta

RESUME KERATON YOGYAKARTA

GARIS IMAJINER
Garis ingkang lurus dipun wiwiti saking segara kidul dumugi Gunung Merapi gambaraken bayi saking miyos rahim Ibu, ngancik dewasa, bangun balai dumugi tilar donya.
Filosofi Garis Imajiner
Sangkan Paraning Dumadi, manungsa saking pundi lan lajeng wangsul wonten pundi.
Komponen wonten garis imajiner
1. Segara Kidul : Kasamiaken horizontal dipun pralambangaken hubunganipun manungsa kalian manungsa.
2. Panggung Krapyak : gambaraken yoni utawi gambaraken tiang setri. Dipun ginakaken kangge berburu menjangan.
3. Alun – alun kidul : gambaraken donya remaja.
4. Keraton Yogyakarta wonten ing titik panengahan antawisipun Gunung Merapi lan Laut Selatan, yaiku titik kasamiaken antawisipun geni lan toya.
5. Alun – alun ler : ing tengah-tengahipun wonten 2 wit ringin. Jono Ndaru wonten wetanipun lan kulon iku Dewa Ndaru. Antawisipun manungsa lan Gusti ingkang Maha Kuwaos menika kedah bersinergi lan kedah njaga.
6. Tugu Jogja dados simbol "Manunggaling Kawula Gusti" maknanipun nyawiji antawisipun raja (golong) lan rakyat (gilih).
7. Gunung Merapi : ngelambangaken sisi vertikal ingkang gambaraken hubungan antawisipun manungsa lan Gusti kang Maha Kuaos.


PRAJA CIHNA
Lambang agenging Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat. Praja Cihna punika dipuncetusaken Sri Sultan Hamengku Buwana VIII.
1. Songkok : ageman irah – irahan prajurit. Minangka pralambang sipat satriya sarta cihnaning Nata.
2. Sumping : ageman tancep talingan. Ceplik, lambange urip, kayadene kembang srengenge. Godhong kluwih, saking tembung “luwih”, nggadahi kaluwihan. Makara, rasa dayane kangge hanjaga rubeda, awit kuncarane keraton.
3. Praba : Gegambaraning paraga ingkang kinurmatan sayekti tumrap kapitayan Jawa Mataram.
4. Lar : Swiwi peksi, pralambang gegayuhan inggil kayadene sumundul angkasa.
5. Tameng : Senjata kangge handanggulangi salira ing palagan. Warni abrit, pralambang niat waton jalaran hambela gegayuhan leres tumrap bebrayan, ananging mboya nilarke sipat waspada.
6. Seratan Ha Ba : Cihnaning Nata, bilih ingkang jumeneng inggih sesilih Hamengku Buwana. Asma punika kebak wuncalan hadi luhung kacihna hamengku, hamangku, sarta hamengkoni. Warni jene pralambang Agung Binathara.
7. Kembang/ Sekar Padma : Sesambetane kaliyan penggesangan bilih samangke sedaya punika ugi linambaran dateng gelare donya akhirat.
8. Laler/ Sulur : pralambang bilih panggesangan punika lumampah kalajengan kados gesange sulur rambat.

Basa Bangongan
1. Henggeh = nggih
2. Manira = kula
3. Pakenira  = sampeyan
4. Punapa  = apa
5. Puniki       = iki
6. Puniku      = iku
7. Mboya      = boten
8. Wenten      = ana
9. Nedha       = sumawi
10. Seyos       = sanes
11. Besaos      = kemawon


BREGADA ING KERATON NGAYOGYAKARTA

1. WIRABRAJA
Ageman : sikepan ( abrit )
Bregada punika dipun sebut “lombok abang ”, ateges "cabai Merah". Tembung “wira”, ing basa jawa, ateges wani, menawi tembung“braja”ateges landep.
Senjata : senapan lan tombak. 
Jeneng dalan/desa :wirabrajan.    
2. PATANGPULUH
Ageman : sikepan.
Corakipun lurik. Tudung mustaka songkok warni cemeng.
Senjata : senapan lan tombak.
Jeneng dalan/desa : patangpuluhan.    
3. JAGAKARYA
Ageman : sikepan, celana nipun lurik.
Ing basa jawa tembung “Jaga” ateges jaga, menawi “karya” ateges  tugas.
Tugas : gegayutan kaliyan pemerintahan.
Senjata : senapan lan tombak.
Jeneng dalan/desa : jagakaryan.     
4. PRAWIRATAMA
Ageman : awujud sikepan cemeng.
Prawitama yaiku bregada Mataram ingkang nulungi Pangeran Mangkubumi ngelawan kompeni Belanda.
Senjata : senapan.
Jeneng dalan/desa : prawirataman.     
5. KETANGGUNG
Tugas : jaga keamanan ing lingkungan keraton saha ngawal raja.
Ageman : sikepan corak lurik, ngginaaken topi mancungan warni cemeng.
Senjata : senapan api kaliyan pisau bayonet, lan tombak.
tembung  “Ketanggung” saking tembung “tanggung”, ateges tugas berat. 
Jeneng dalan/desa : ketanggungan.     
6. NYUTRO
Bregada Ingkang Unik, amargi ngangem Sandal, lan Agemanipun Ingkang Nge-jreng.
Tugas : Pengawal Wonten Prosesi Grebeg.
Saking Sedaya Bregada, Gerak Prajurit Nyutro Menika Paling “Menari”.
Kala Wingi Tugas Dados Pengawas Sultan Ing Lebet Keraton
Nyutro Sanes Bregada Perang, Nanging Bregada Niki Saged Perang
Senjata : Tombak, Senapan, Panah.
Jeneng Dalan/ Desa : Nyutron
7. MATRIJERO
Tugas : ngawasi raja lan ngawal raja jumenengan wonten ing dalem.
Ageman : sikepan,
Senjata : senapan lan tombak.
Jeneng dalan/desa : mantrijeron.     
8. SURAKARSA
Tugas : ngawal gunungan.
Ageman : sikepan warni dominan pethak, lan senjatanipun tombak.
Jeneng dalan/desa : surakarsan
9. BUGIS (Sulawesi Selatan)
Tugas : Ngawal Gunungan Wonten Upacara Grebeg.
Senjata : Tombak.
Bregada Menika Unik, Wonten Ing Topinipun Lan Agemanipun, Sedaya Ageman Cemeng
Jeneng Dalan/Desa : Bugisan
10. DHAHENG (Sulawesi Selatan)
Ageman : Klambi-celana (Dawa) Warni Pethak. Topinipun Saking Bulu (Ayam)
Senjata : Senapan Lan Tombak.
Jeneng Dalan/Desa : Bugisan


KESENIAN LAN KEBUDAYAAN
ING SAKLEBETING KERATON NGAYOGYAKARTA

A. Kesenian Wonten Keraton Ngayogyakarta
1. Macapat
2. Karawitan
3. Wayang  : Wayang kulit lan Wayang Golek
B. Tradisi Wonteng ing Keraton Ngayogyakarta
1. Labuhan : upacara syukuran ingkang dipun wontenaken setunggal taun sepisan wonten ing Pantai Parang Kusumo lan Lereng Gunung Merapi.
2. Grebeg Maulud : adicara ingkang dipun wontenaken saben sasi Rabi’ul Awal leresipun kaliyan miyosipun Nabi Muhammad SAW.
3. Siraman Pusaka/ Jamasan Pusaka : upacara rutin ingkang dipunwontenaken kagem ngresikake benda benda pusaka wonten ini Keraton Ngayogyakarta.
C. Hukuman Rampokan
Kagem tiyang ingkang nggadahi  kalepatan kayata zina, mboten nindakaken dawuhipun Sri Sultan, lsp.
D. Ampilan Dalem
Ampilan dalem inggih punika lambang karajan mliginipun wonten Kraton Yogyakarta. Lambang punika awujud barang-barang ingkang asring dipunmedalaken nalika upacara resmi ndhèrèk Sultan.

BANGSAL ING KERATON NGAYOGYAKARTA

1. Bangsal Kemandhungan (plataran Kemandhu ng an Kidul) : Boten kathah ingkang mangertos, Bangsal Kemandungan Kidul samenika katon kirang kopen ,bangsalmenika minangka bangunan paling sepuh wonten ing Keraton Nga yog yakarta Hadiningrat.
2. Bangsal Pagelaran : Bangsal pagelaran punika mapan ing paling ngandhap,utawi sebelah Alun- alun lor.
3. Bangsal Kencana : dipunbangun kaliyan Sultan HB I ing taun 1756 M.Bangsal menika rumiyin dipunagem kangge adicara keagamaan utawi kesultanan. Papan menika dipunginakaken kangge acara “Jumenengan” inggih menika adicara naik tahta Sultan.
4. Bangsal Manis : dipunginakaken kangge balai perjamuan utawi banquette hall kangge tamu resmi Sultan.
5. Bangsal Pangrawit : dipunginakaken kangge papan minangka Sultan melantik Patih utawi papan kangge nglantik Patih.Sasampunipun taun 1942,bangsal menika boten dipunagem malih.Bangunan menika mapan wonten sisih tengen wonten ing bangsal pagelaran.
6. Bangsal pemandengan (sisih wetan lan kilen bangsal Pagelaran) : Rikala rumiyin bangsal menika dipunginakaken Sultan kangge mirsani gladhi perang wonten ing Alun-alun ler.
7. Bangsal pasewakan/pangapit : rumiyin dipunginakaken kaliyan para Panglima Kesultanan nalika nampi pemerintah saking Sultan utawi nengga giliran kagem nglaporaken kaliyan Sultan lan papan kangge jaga Bupati Anom Saba.Nalika sakniki papan menika dipunginakaken kangge pariwisata.
8. Bangsal pacikeran : dipunginakaken kaliyan para abdi dalem Martalutut lan Singonegara ngantos taun 1926.Ukara pacikeran menika saking tembung Ciker tegesipun asta ingkang pedhot.
9. Bangsal siti hinggil : dipunginakaken kangge upacara resmi kerajaan.Ing papan menika nalika tanggal 19 Desember 1949 dipunagem kangge peresmian Universitas Gadjah Mada.
10. Bangsal kori : dipunginakaken kangge kantor Abdi dalem Kori lan Abdi dalem Jaksa ingkang nggadahi padamelan ngandharaken panyuwunan utawi Pasambatan rakyat dumateng Sultan.
11. Bangsal manguntur tangkil (tengah- tengah Siti Hinggil) : dipunginakaken Sultan kangge lenggah ing ngandhap singgasana ing adicara resmi kerajaan kados pelantikan Sultan lan Pisowanan Ageng para petinggi kesultanan.
12. Bangsal witono : dipunginakaken kangge wadah lambang- lambang kerajaan utawi pusaka kerajaan ing wanci adicara resmi kerajaan.
13. Bangsal sri manganti : Ing wancinipun bangsal menika dipunginakaken kagem nampi tamu penting kerajaan. Ananging samenika wonten ing bangsal menika dipunagem kangge ndhelehaken pusaka-pusaka kraton awujud gamelan. Yen wonten ing wanci menika diginakaken kangge adicara pariwisata kraton.
14. Bangsal pancaniti (tengah-tengah bangsal kamandungan) : dipunginakaken kangge ngadili perkara kaliyan ancaman hukuman pejah lan Sultan piyambak ingkang mimpin pengadilan.Dene sakniki bangsal menika dipunginaken kangge adicara adat kadosta Grebeg lan Sekaten
15. Bangsal mandalasana (ngajeng bangsal kencana) : dipunginakaken kangge dolanan musik.
16. Bangsal trajumas/Bangsal Dosa : dipunginakaken kagem balai pengadilan lan papan kangge sedaya pejabat kerajaan nalika angampingi sultan among tamu.
17. Bangsal pacaosan (plataran Gedhong Parentah Hageng Karaton) : Bangsal menika kaperang dados Bangsal Pacaosan Prajurit lan Bangsal Pacaosan Dhalang.
18. Bangsal prabayeksa (wingking Bangsal Kencana): dipunginakaken nyinggahkaken maneka warni gaman pusaka keraton.
19. Bangsal kotak (ngajeng Bangsal Kencana) : dipunginakaken kangge ngaso.
20. Bangsal kamagangan (sisih kidul bangsal kencana) :dipunginakaken kangge papan panyawisan minangka abdi dalem badhe mindhak pangkat utawi abdi dalem ingkang enggal.Dene samenika dipunginakaken kangge prosesi tumpak wajik lan wiwitan damel gunungan grebeg.

PAPAN_PAPAN ING SAKIWA TENGENIPUN
KERATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT

1. Masjid Gedhe Kauman (1756) dipunyasa : Sri Sultan Hamengkubuwono I, Kyai Faqih Ibrahim Diponingrat (penghulu keraton ingkang kaping setunggal), lan Kyai Wiryokusumo ingkang dados arsitek.
papan kagem ngibadah umat Islam, panggenanipun wonten ing sisih kilen alun-alun kidul Keraton Yogyakarta.
2. Tamansari ing kidulipun Karaton Ngayogyakarta, dipunyasa wonten ing pemerintahanipun Sultan HB I. Miturut sejarah, papan-papan menika kangge pasiraman putri-putri Raja Sultan Ngayogyakarta.
3. Sumur Gumuling : papan ing salebetipun tamansari. Sumur Gumuling rikala rumiyin inggih menika masjid ingkang wonten ing ngandhap siti.
4. Alun-Alun Kidul lan Alun-Alun Ler : panggenan amba lan rata wonten ing ngajengipun Keraton Ngayogyakarta, ingkang gadhah kalih sisih inggih menika sisih kidul lan sisih ler, ing tengahipun alun-alun menika dumunung sapasang wit ringin ingkang kasebat Waringin Sengkeran/Ringin kurung. Sapasang Waringin Sengkeran menika nggadhahi nama inggih menika Kyai Dewadaru lan Kyai Janadaru.
5. Gladhag Pangurakan (Gapura Gladhag & Gapura Pangurakan)
Inggih menika gerbang utama kangge mlebet ing Keraton Ngayogyakarta saking sisih kidulipun. Ing rikala rumiyin, Pangurakan kaginakaken kangge panggenan panyerahan daftar reksa utawi pambucalan saking kutha kangge sinten kemawon ingkang angsal hukuman pambucalan.
6. Panggung Krapyak : panggenan ingkang rikala pemerintahan Kasultanan Mataram dipunginakaken dhateng Raja-Raja Mataram minangka panggenan kangge mburu kewan, mliginipun menjangan. Panggung Krapyak ugi kasebat Kandang menjangan. Prenahipun Panggung Krapyak dumunung wonten ing Dhusun Krapyak, Kelurahan Panggungharjo, Sewon, Bantul. Panggung Krapyak menika dipunyasa dening Sri Sultan HB I lan yuswanipun udakara 250 taun.
7. Tugu Yogya (Tugu Pal Pethak) Simbol Kutha Ngayogyakarta : monumen/tugu ingkang wonten ing Yogyakarta. Yuswanipun tugu punika sampun langkung saking tigang abad lan gadhah makna ingkang ageng minangka saksi sajarah Kutha Ngayogyakarta. Tugu punika dipunyasa dening Sri Sultan HB I, pangarsanipun Karaton Yogyakarta.
8. Sasana Hinggil Dwi Abad
Prenahipun wonten ing sisih kidul alun-alun kidul Keraton Ngayogyakarta. Siti Hinggil inggih menika siti ingkang dhuwur, dipunyasa rikala pemerintahanipun Sultan HB I. Siti Hinggil rikala rumiyin kaginakaken dhateng Raja-Raja Kasultanan Ngayogyakarta kangge ningali bregada-bregada Keraton minangka gladhi resik upacara Grebeg, rikali saniki kaginakaken kangge pagelaran seni, mliginipun ringgit, pameran, lsp.
9. Museum Kareta (Kompleks Pracimosono)
Dumunung wonten ing sisih kilen alun-alun kidul inggih menika wonten ing Jl. Rotowijayan, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Keraton, Kota Yogyakarta. Museum Kareta menika dados garasi/papan nyinggahaken kereta ingkang kagunganipun kaluwarga Keraton Ngayogyakarta.

10. Plengkung-Plengkung
a. Plengkung Nirbaya : papan ingkang paling ageng lan paling wutuh ingkang taksih saget dipuntemuni.  Plengkung menika ugi kasebat Plengkung Gadhing. Konon, sinten mawon sultan ingkah nembe marentah boten angsal nglampahi Plengkung Nirbaya menika sayuswa gesang amargi plengkung menika dados margi medal kangge Sultan menawi seda lan badhe dipunsarekaken ing Sasana Laya Imogiri.
b. Plengkung Tarunasura : ugi kasebat Plengkung Wijilan amargi wonten ing Wijilan,  Panembahan, Kraton, Yogyakarta sisih wetan Alun-Alun Ler lan dados margi utami.
c. Plengkung JagasurA : ing sisih kilen Alun-Alun Ler. Bentukipun boten wutuh malih lan namung kayata gapura. Jagasura saking tembung "jaga" lan "sura" inkang gadhahi makna kendel. Jagasura ateges pasukan ingkang kendel. Rikala rumiyin,  gerbang menika dipunjaga dening pasukan-pasukan Mataram ingkang gagah lan tegas.
d. Plengkung Madyasura : ing wetan Kraton Ngayogyakarta. Ugi kasebat Plengkung Buntet utawi tertutup. Plengkung menika sampun nate dipunpugar lan dados gapura ing pamarentahanipun Sri Sultan HB VIII.
e. Plengkung Jagabaya : ing sisih kilen Kraton Ngayogyakarta. Ugi kasebat Plengkung Tamansari amargi wonten ing kawasan Tamansari. Jagabaya ateges jaga saking bebayan. Sakmenika,  Pelngkung sampun benten saking bentuk aslinipun, namung awujud gapura.

11. Sasana Laya Imogiri : dipunyasa taun 1632 dening Sultan Agung Hanyokrokusumo wonten ing Imogiri, Bantul, Ngayogyakarta. Sasana laya menika kangge papan pasarean raja-raja lan kaluwarga Kasultanan Mataram. Saderengipun mlebet pasarean wonten Gapura Supit Urang, Pendhapa Supit Urang, papan juru kunci, dan 4 genthong suci.


PANGKAT LAN GELAR ING KERATON YOGYAKARTA
Pangkat Abdi Dalem
· Jajar 
· Bekel Anom
· Bekel Sepuh  
· Lurah 
· Penewu 
· Wedono 
· Riya Bupati 
· Bupati Anom 
· Bupati Sepuh 
· Bupati Kliwon jabatan ingkang paling inggil ingkang saged dipun gayuh sedaya Abdi Dalem.
· Bupati Nayoko 
· Pangeran Sentana
Abdi dalem menika dipunbagi dados 2, Abdi Dalem Tepas lan Abdi Dalem Caos
Abdi Dalem Tepas inggih menika Abdi Dalem ingkang saben dinten sowan wonten ing Keraton, saged mindak pangkat ipun saben 3 tahun. Menawi Abdi Dalem Caos saged mindak pangkat ipun 4-5 tahun .Abdi Dalem Caos menika namung sowan ing wekdhal-wekdhal khusus.
Perangan Abdi Dalem
· Keprajan, inggih menika Abdi Dalem ingkang saking tiyang Pemerintahan kados PNS, TNI/POLRI, lsp.
· Punokawan, inggih menika Abdi Dalem ingkang dines wonten ing Keraton kemawon.
· Keparak, inggih menika Abdi Dalem ingkang saking tiyang setri
Gelar Wonten Ing Kerato Yogyakarta
· Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Hamengkubuwana Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama Kalifatullah. Inggih menika gelar keturunan ingkang paling inggil wonten ing Kerajaan
· G.K.R. (Gusti Kangjeng Ratu) kangge garwa Sultan ingkang dados Permaisuri (garwa padmi).
· B.R.Ay. (Bendara Raden Ayu) Gelar B.R.Ay. menika gelar kannge selir (garwa ampeyan). Selir ingkang saking golongan ningrat gelar ipun inggih menika B.R.Ay. (Bendara Raden Ayu), B.R. (Bendara Raden), K.R.Ay. (Kanjeng Raden Ayu) saha K.B.R.Ay. (Kanjeng Bendara Raden Ayu)
· .G.R.M.
Inggih menika Gusti Raden Mas. Gelar G.R.M. menika gelar kangge putra Sultan ingkang lahir saking permaisuri (garwa padmi) gelar menika kangge putra Sultan nalika taksih timur. Sasampun diangkat dados pangeran, gelar G.R.M. dados G.P.H. (Gusti Pangeran Harya).
· B.R.M. (Bendara Raden Mas) kagem putra Sultan yang lahir saking selir (garwa ampeyan) gelar menika kangge putra Sultan nalika taksih timur.
· G.R.A. (Gusti Raden Ajeng) kagem putri Sultan saking permaisuri (garwa padmi) gelar menika kangge putri Sultan nalika taksih timur. Sasampun dewasa  G.R.A. dados G.R.Ay. (Gusti Raden Ayu). Sasampun krama, gelar G.R.Ay. dados G.K.R. (Gusti Kangjeng Ratu).
· B.R.A. (Bendara Raden Ajeng) kangge putri Sultan saking selir (garwa ampeyan) gelar menika kangge putri Sultan nalika taksih timur.
· R.M. (Raden Mas) kangge generasi jaler nomer kalih dumugi generasi sekawan (putu, cicit saha canggah Sultan).
· R.A. (Raden Ajeng) kangge generasi setri nomer kalih dumugi generasi sekawan (putu, cicit saha canggah Sultan). Sasampun krama, gelar R.A. dados R.Ay. (Raden Ayu).
· R.B. (Raden Bagus) kangge generasi jaler nomer gangsal saha sakngandhapipun (wareng). Sasampun krama, gelar R.B. dados R. (Raden).
· R.R. (Raden Rara) : generasi setri nomer gangsal dumugi sakngandhapipun (wareng). Sasampun krama, gelar R.R. dados R.N. (Raden Nganten).

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Listening Diary 11-2

How to Offer to Do Something in English - Learn English Grammar Name  : Fina Khusna Student Number : 19202241056 Website Audio Name Level/other information https://youtu.be/kPDX3fxFEEE How to Offer to Do Something in English - Learn English Grammar   Summary: What was the listening selection about? Formal and Informal offers an suggestion - revision Do you want some tea ? Would you like some tea ? The second sentence more formal than first sentence. Offering to do something Do you want me to play tennis? Would you like me to play tennis? Informal Do you want us  to bring a bottle of wine? Formal Would you like her to work on Sunday? Vocabularies/language expressions you learnt Activities: What did you do? What scores did you get? Writing important things, and I understood the video as well as it was explained, and I think I got the score of seven. Benefits: What benefits did you lea...

Listening Diary 11-3

"There is" and "There are" - Learn English Grammar Name  : Fina Khusna Student Number : 19202241056 Website Audio Name Level/other information https://youtu.be/RHbUkaZcvFc "There is" and "There are" - Learn English Grammar Summary: What was the listening selection about? Use simple present There is with singular noun, example : there's a dog in the garden. There are with plural noun , example : there are some dogs in the garden. There is and there are in the affirmative There's an old man at the door. There are three old man at the door. There is and there are in the negative There is not any sugar in the coffee : there isn't any sugar in the coffee. There aren't any trains on Sunday. There is and there are in the interrogative Is there a place for me? Are there any films on TV? Vocabularies/language expressions you learnt 1.  Comprehend : to  unders...